Selasa, 21 Juni 2011

SYI'IRAN KH. ABDUR RAHMAN WAHID





Ngawiti ingsun, nglaras syi'iran

Kelawan muji maring pangeran

Kang paring rohmat lan kenikmatan

Rino wengine tanpo pitungan



Duh bolo konco, priyo wanito

Ojo mung ngaji syari'at bloko

Kur pinter dongeng nulis lan moco

Tembe mburine bakal sangsoro



Akeh kang apal, qur'an haditse

Seneng ngafirke marang liyane

Kafire dewe dak digatekke

Yen isi kotor ati akale



Gampang kabujuk, nafsu angkoro

Ing pepaese gebyare ndunyo

Iri lan meri sugihe tonggo

Mulo atine peteng lan nisto



Ayo sedulur, jok ngelalek'ake

Wajibe ngaji sak pranatane

Mung ngendelaken iman tauhide

Baguse sangu mulyo matine



Kang aran sholeh, bagus atine

Kerono mapan sari ilmune

Klaku torekhot lan ma'rifate

Ugo hakhekot manjing rasane



Al qur'an qodim, wahyu minulyo

Tanpo tinulis iso diwoco

Iku wejangan guru waskito

Den tancepake ing jero dodo

    
   



Kumantil ati lan pikiran

    Rasu ing badan sampek jeroan

   

Minongko dalan manjinge iman



Kelawan ALLOH kang maha suci

Kudu rangkulan rino lan wengi

Ditirakati di riyadhohi

Dzikir lan suluk jo nganti lali



    Uripe ayem, rumongso aman

    Dununge roso tondo yen iman

    Sabar narimo najan pas-pasan

    Kabeh dinakdir saking pangeran



Kelawan konco, dulur lan tonggo

Kang podo rukun ojo tersiyo

Iku sunahe Rosul kang mulyo

Nabi Muhammad panutan kito



    Ayo ngelakoni sekabehane

    ALLOH kang bakal ngangkat derajate

    Senajan asor toto dhohire

    Ananging mulyo maqom drajate



Lamun palastro, ing pungkasane

Ora kesasar roh lan sukmane

Den gadang ALLOH suwargo manggone

Utuh mayite ugo ulese
KH ABDURRAHMAN WAHID
SYI'IR TANPO WATON

1 komentar: