Ngawiti ingsun, nglaras syi'iran Kelawan muji maring pangeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo pitungan Duh bolo konco, priyo wanito Ojo mung ngaji syari'at bloko Kur pinter dongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro Akeh kang apal, qur'an haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke Yen isi kotor ati akale Gampang kabujuk, nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto Ayo sedulur, jok ngelalek'ake Wajibe ngaji sak pranatane Mung ngendelaken iman tauhide Baguse sangu mulyo matine Kang aran sholeh, bagus atine Kerono mapan sari ilmune Klaku torekhot lan ma'rifate Ugo hakhekot manjing rasane Al qur'an qodim, wahyu minulyo Tanpo tinulis iso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing jero dodo | Kumantil ati lan pikiran Rasu ing badan sampek jeroan Minongko dalan manjinge iman Kelawan ALLOH kang maha suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati di riyadhohi Dzikir lan suluk jo nganti lali Uripe ayem, rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas-pasan Kabeh dinakdir saking pangeran Kelawan konco, dulur lan tonggo Kang podo rukun ojo tersiyo Iku sunahe Rosul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito Ayo ngelakoni sekabehane ALLOH kang bakal ngangkat derajate Senajan asor toto dhohire Ananging mulyo maqom drajate Lamun palastro, ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang ALLOH suwargo manggone Utuh mayite ugo ulese |
KH ABDURRAHMAN WAHID
SYI'IR TANPO WATON
sipppp
BalasHapus